Tahu Murni Koro Wasgitel
Assalamualaikum…

Esuk-esuk nembe mbuka rss kok ana berita tahu murni Slawi di Serpong langganan pejabat.
Nyong ora pan ngomong pejabate….tapi dadi pengin tahune…apa maning angger esuk-esuk kaya kiye, hawane adem mangan tahu asih anget nembe mentas sing wajan koro wasgitel(wangi panas legi kentel) alias teh poci dalah neng poci lemah sing wis anak kerake nganggone gula batu aja gula pasir, dituang neng cangkir cilik….hmmmmm….uenake pollllll…..
Wah luar biasa Pak Musa koro bojone kiye…weruh peluang luar biasa…sayang azih jarang sing dodolan kayane, neng Bekasi ana neng perumahan Pondok Pekayon Indah perek koro kantor Kecamatan Bekasi, dodoan tahu murni tok ora koro liya-liyane, misale soto, wasgitel, sega lengko.
Nah apamaning angger Pak Musa kiye nyambi dodolan sega lengko…waduh kayane nendang nemen kiye..perlu ditiliki.
Regane lumayan jarenen nyong siji Rp.1000,- tapi angger neng kota gede kaya JABODETABEK yah itungane murah kaya jajan permen biasa…malahan sehat kiye wong tahu nganggo kedele murni.
Tahu murni asline seka Banjaran tepate sebelah kiri bioskop Adiwerna angger sing arah Jakarta. Terus dagangange laris manis tanjung kimpul buka cabang neng Tegal kota tepate randugunting.
Nah angger cerita soto sing nganggo tauto pasti kemutane sedap malam ding neng jalan raya pagongan, saben dina parkire kebek apamaning angger liburan..isine plat nomor luar daerah kaya Jakarta.
Soto sedap malam kiye yah wis akeh cabange…sing paling enak yah sing neng pagongan kuwe sing madep ngetan…kiye sing pertama dodolan.
Sayang..peluang kiye juga ora dinggo liyane….baru Pak Musa sing dodolan…..apa mungkin kalah sing koro soto kudus, soto sulung yah….
Sate Tegal…..
Kiye juga lumayan wis akeh sing dodol neng JABODETABEK, tapi sing wis tahu tak rasakna..adoh koro asline..bahkan jarene nyong malah enak PSK(Pedagang Sate Kiloan) sing neng Cibubur ari ora Bukit Sentul.
Wah esuk-esuk ributen wis panganan…
Wis ah..tak kerja maning….
Suwun-suwun.
Wassalam.








